Tuladha Panyandra Penganten Jawa

1. Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga

(sinubagya ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane penganten putrid ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot, katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat asesiring. Amucang kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar kanginan.

Wewening pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing canela ingkang tinaretes ing sesotya nawaretna, ginantha ing wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu.

2. Penganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan

(Kabarung ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)

Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Prnyata punika tejaning penganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi manjing sasna pawiwahan.

Mubyar-mubyar busananing penganten kakung inkang angemba busananing narapati., lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaindahan kang sanyata adi luhung; dene mrabu ateges pindha jejering narindra kebekan ing kawibawan luhur; mrabawa ateges sinnung prabawa adi endah milangoni. Dhamyak-dhamyak ingkang samya lumaksana angayap sang pinangtyan kakung, pinarangan dening para kadang santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.

3. Penganten Dhaup (Panggih)

(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)

Wus dumugi whyaning mangsa kala dumawahing kodrat saking kamuwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ajuring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges bidi daya ingkang tuwuh saking osik ing panggalih; wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake. Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci.

Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kalih umiring tindake penganten putri, punika ingkang sinaraya angemban puspitaadi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhaup ing penganten sarimbit. Saksana kumlawe astane penganten putri sarwi ambalang gantal mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Datan saranta penganten kakung gya gumatya ambalang gatal ingkag winastan gondhang tutur.

4. Penganten Sungkem (Ngabekten)

(kairing ungeling Gendhing Ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura)

Penganten kakung wus jengkar saking dhampar, anganthi ingkang garwa lumarap angabyantara mring para pinundhi. Esthining panggalih muhung sumedya sumungkem anguswa pepadaning ingkang eyang miwah ingkang rama ibu. Sigra tumungkul amarikelu yayah konjem ing bantala wadanane penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan, sinartan aninging cipta rumasuk ing sanibari, anyenyadhang rumenthahing pangastawa saking ingkang eyang sarimbit, miwah rama ibu, mrih esthining driya denira mangun brayan hinaywan dening Gusti Ingkang Mahawelas tuwin Mahaasih. Lir sinendhal mayang jroning galih dupi ingkang rama ibu inguswa pepadanira dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit sinyutan, sakala ingelus-elus pamindhangane penganten putri winiwir-wiwir remane, kebak ing rasa asih sutresna.
Tan kawawa anandhang duhkitaning galih, waspa mijil amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang rama ibu, cinandra kdya mitiara rinonce.

5. Tamu Lenggah ing Sasana Pawiwahan

Kacanarying penggalih, dupi anuningani yen ta jroning sasana wiwaha kawuryan bak ber ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun kapareng lenggah satata, pepak sinaroja. Kapanduking raos ingkang dahat tumanen ing kalbu, saksana ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir keplasing warastra lungit.

Prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tanna lyan among daya-daya denirarsa among swagata, manembrama atur membagyarja konjuk sagunging para tamu minulya.

6. Beksan Gambir Anom Gandrung

(kacandra nalika gangsa sirep)

Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman larasmara kayungyun marang kasulitane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati. Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih among sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil aneng pandhoning netra, tumus ring tung-tunggging nala. Linali-nali saya ngalela, ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar lamun dalu tan arsa nendra.

7. Kirab Kanaredran

( Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra Pelog Barang)

Rampak runtut swaranya anganyut-anyut, lah punika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang Langggeng Gita Sri Narendra, umiring tindakira sekaring pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab, nulad adi endahing budaya.

Penganten kakung angagem makutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi munggwing jangga lir ginupit, amimbuhi pekiking penganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni langking sinulam benang kencana pinentha roning gadhung amalengkung, prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi carup wor kalawan sangsangan sekar mlathi rinonce munggwing pamindhangan kanan miwah kering, angalewer tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat.
Sinigeg gatnya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambar teja manda maya, tejaning rising suryeng ratri, pranyata lamun tan kucuwa memanise. Meloking wadana sumunar agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.

8. Kirab Kasatriyan

(binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa Slendro 9)

Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.

Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi.

Sang senopati kembar kadi Sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkalputung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah jatinom.
Kang Apindha Putri astha sata anglur selur dalidir kadya putri boyongan saking wewengkon Predikan ing Toyabiru Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.